Text
Nglari woting ati
Sakwise maca buku kanthi irah irahan Nglari Woting Ati panilise Fitri Gunawan, akeh pasinaon kang iso dijupuk. Nglari Woting Ati yaitu novel terusan carita saka novel Ing Manila Tresnaku Kelara-lara, kang pangripta dening Suparto Brata ananging diserat dening Fitri Gunawan. Kawiwitan saka ngentha – entha artine irah - irahan Nglari Woting Ati. Nglari iku dudu basa Jawa Jogja nanging basa Jawa wetanan kang nduweni teges nggolekki utawa meloni. Woting ati nduweni teges sih katresnan. Dadi buku ini nyeritaake babagan mligine drama sih katresnan, sawijining tema kang ora nate dipangan jaman. Buku iki nyeritaake babagan sesrawungan keluarga sing niti karir, kanthi sukses lan terpandhang, kabeh tokoh ngatonake sekolah nganti lulus S2, S3.
Saka ukara ing judhul wus ngatonake menawa njerone ilmune sang menganggit. Mulka ya ora aneh Manawa carita ini ora gampang disemak priyayi “lumrah”. konsumsine kaum elitis, para sutresna kang mumpuni lan kagungan sangu pengetahuan kang cukup kanggo njlimeti lan ngematake isi karangan iki.
Karangan ini nggunaake basa Jawa wetanan (Surabaya), menawa diwaos marang wong sing basane Jogja – Solo mesthi wae kudu mbaleni maneh maca soale akeh kata kata sing bedo. Ora dadi ngapa pemaos tetep bisa dong, menawa maos kanthi teliti.
Ing irah- irahan ndhuwur penulis nyambungake carita iki yaiku urip ing katresnan. Menawa diwawas kanthi wutuh Nglari Woting Ati mujudake gambaran kiprahe wong kang nduweni rasa paseduluran marang liyan. Kanthi paraga Mahardini lan garwane, pangripta ngudal gagasan – gagasan ngenani paugeraning urip ing lingkungan pendidikan.
Mahardini yaiku dosen ing Jakarta, ndue garwa Irawan saka Filipina kang kerja ing kedubes Indonesia, ndue anak siji, Arda kelas 1 SD. Diwiwiti saka entuk beasiswa nyang Washington nerusake kuliah S3. Dini nyobo mikir lan njalok pendapat ning sapa wae wong ing sakkiwa tengene. Akhire positif menyang nadyan kudu ninggal anak bojo lan wongtuwa. Dini budhal karo kanca- kancane cah 10 saka Indonesia Nyang Amerika, ing kana pisah maneh ing pirang – pirang Universitas. Olehe Dini ing WSU karo Budiarti, lan Rumanti. Ketuk kana dhewekke sarwa kelingan ngomah lah sawektu wektu mesthi hubungan karo bojo lan ibune. Wis ana ka pirang – pirang wulan sinau ing kana Dini ngrasa pingin dolan ing sedulur sing ana ing Montreal, yaiku besan saka kaluarga maratuwane Keluarga Creemers. Ing kana Dini disambut kanthi seneng mulihe digawani buah anggur akeh. Ing Wasington Dini ketemu Rudi kanca apikke jaman cilik ing sanggar tari. Dewekke uga sekolah maneh ing kana, wis ndue bojo sekolah ing Utrech ora dadi siji. Sawise ketemu ing kana Rudi uga dadi kanca apikke kanca curhate Dini. Kisahe ing kene iso ngalir banget kaya urip ing kanyatan. Sawektu nggone sekolah Dini wis arep rampung nanging kok Irawan ora kontak marang Dini. Dini bingung sebabe ora ana sing mara ing acara wisudane. Akhire keluarga Creemers sing teka ing wisusade, keluargane uga keluarga maratuwa ora bisa teka karana lagi gerah. Dini mulih ing Kuala Lumpur trus dipethuk kakangne ketuk ngomah lagi dicritani menawa Irawan lagi kena alangan. Dhewekke nggolekki dikancani Parikesit kakangne. Dhewekke nggolekke ning Jonaeburg, ketuk kana jebul Irawan wis dikirim bali ning Kuala Lumpur. Irawan dadi gegolekkan Dini lan kakangne, akhire bali maneh, lan nggoleki Irawan ing Rumah sakit bareng ibu, lan maratuwane. Ketuk kana jebul ana Anita mantane Irawan mbiyen. Anita uwis nikah karo Burhan ananing dudu karepe dewe. Karana kepepet masalah keluarga lan dijodohake kaya ing kisah jamane Siti Nurbaya. Jebule Burhan iku uwonge sarwa nakal lan gonta ganti wedokan. Niate wong tuwa sing njodohake iku mau karana niat keluarga Burhan sing nduwe dendam marang keluarga Irawan, soale mbiyene Ibune irawan iku disenengi marang bapakke Burhan sing Kumawasa.
Sawektu Anita lara ing rumah sakit, mbuh keneng apa kok sakdurunge Burhan munggah Kaji. Mulihe saka kaji dewekke njalok ngapuro karo wong sak kiwa tengene kabeh awit wis gawe ra senenging ati. Anita lara banjur njaluk ketenu Dini. Ing rumah sakit Anita ngomong marang Dini yen dhewekke ijih tresna marang Irawan. Wanci kui ugaa Anita wis ra ambegan ing kekepane Dini. Dini ngrasa welas banget marang Anita, uripe wuyung terus. Sakteruse uripe Anita lan Irawan tansah mulya. Dhewekke ngedegake sekolahan utawa Universitas ing Semarang bareng - bareng karo Rudi, wong tuwane Rudi, lan maratuwane Rudi. Rame banget uripe tansah seneng lan pungkasan Dini diparingi rejeki ngandut anak sing ke loro..
Cerita iki katon ngalir banget, ora katon ana antagonise sing nyolok, ora ana paraga ala ing petikan langsung. Ananging paraga sing ngganggu katon sethithik. Mbokmenawa sing dipesenake pangripta uwong iku tansah milih dalan urip kudu jujur lan apa enenge. Wani berkorban, lan kerja kanthi temenan, tembe mburine kasile uga katon.
B210009247 | 899.222 Fit n | Perpustakaan Sasana Widyatama (899) | Tersedia |
B210009246 | 899.222 Fit n | Perpustakaan Sasana Widyatama (899) | Tersedia |
Tidak tersedia versi lain